Ana
juru giling duwe anak lanang telu. Ing sawijining dina (tidak terbaca) mahu
diundangi kabeh babarengan menyang kamare. Juru giling banjur calutha: “Anak
anakku, mulane padha dak kalumpukake,
aku arep duwe kondho perlu marang kowe kabeh”.
Para anak anake mangsuli babarengan:
“Inggih, bapak”.
"Lah saiki padha rungokna: iki lo,
aku pasrah layang, kang wis dak helak maju lima. Poma wekasku, layang iki aja
pisan pisan kobukak yen aku durung mati. Kira ku sadhela hengkas aku ditekakake
ing jangji, jalaran wis pikun sarta ringkih. Tanganku wis buyuten dhengkulku
wis gathik sikilku wis ora kuwat anggawa awakku.
Ing layang iki wis dak tamtokake, apaning
bakal dadi pandumanmu siji sijine ing sapungkurku. Dadi yen layang iki (tidak
terbaca) waca, kowe banjur padha weruh, sapaning oleh wa (tidak terbaca) lingan
sing oleh kuldi, utawa sing oleh kucing. Saiki padha prajanji ya temen temen
marang aku, ora bakal wani ambukak layang iki sadurung aku mati”.
Bocah telu mangsuli: “Inggih bapak”,
banjur padha ambaleni panggaweyane karo asemu susah.
Ora antara lawas bapakne mati.
Bareng layang dibukak anak telu pisan lagi bale sumurup kang dadi pipintaning
bapa. Kang pambarep dipandumi gilingan kang panggulu oleh kuldi, si Wuragil
oleh kucing.
Kang pambarep minarima bae, malah
bungah banget calathune: “Gilingan iku wis luwih dening nyukupi dak anggo garan
golek pangan”,
Dene anaking panggulu iya wis marem,
pangucape: “Kuldi iku wis nyukupi dak anggo lantaran golek pangan”,
Balik sing Usman anaking Wuragil ora
pisan seneng. Pangesahe: “Oleh kucing mangkene iki arep dianggo apa. Kakangku
karo pisan ora kewuhan, sing siji oleh gilingan gandum sijine oleh kuldi. Gek kapriye
olehku arep golek pangan”,
Ing kono Wuragil banjur krungu swara
bening cumengkling, iyaiku calathune kucing si Mulus: “Bandara, sampun kuwatos,
sampun kakinten kula boten saged pados tedhanipun tiyang kalih, bandara kaliyan
kula”.
Wuragil gumun banget krungu
tembunge Mulus mangkono mahu. Kucing ambanjurake calathune: “Manawi bandara
purun nyukani kanthong sarta purun numbasaken setiwel sarakit kaliyan tudhung
bulu bulu, ing ngriku bandara badhe sumerep piyambak lalabetan kula”.
Pamikire Wuragil: “Anjaluk kanthong,
setiwel tudhung nganggo bulu bulu, arep di anggo apa bae karo si Mulus”,
Wuragil judheg angrasakake, nanging
bareng sumulus pamandenge si Mulus kang nelakake temenemtening ujare, banjur
pitaya ing ati. Ciptane: “Becike kudu dakturuti apa sapanjaluke”.
Antara sadhela si Wuragil calathu:
“Mulus ayo tawis padha gliyak galiyak menyang toko”.
Wuragil karo kucinge anjujug
enggoning tukang sepatu dhisik, calathune Wuragil: “Pak ngriki napa honten
setiwel cilik, kucing kula butuh setiwel ning kudu sing apik sreg”,
Tukang sepatu mangsuli sumeh: “Ya
ora kleru, Wuragil kowe golek mrene”. Enggone calathu mangkono iku karo
milihake setiwel banjur dicobakake. Wasana hangguyu guyu semuhumuk, ujar: “Ta,
iki lo, Wuragil delengen ra sreg banget”,
Wuragil wis condhong, apa reganing
setiwel dibayari.
Ana ing liya toko si Wuragil tuku
kanthong lan tudhung nganggo bulu bulu. Dadi sapanjaluke Mulus wis dituruti
kabeh.
Wuragil wis lega atine, mung kari
kepengin weruh, si Mulus banjur arep apa bae.
Ananging
Mulus dhewe wis ora kewuhan, nganggo setiwel nganggo tudhung bulu bulu, nuli
metu.
Ara,
arep menyang ngendi.
Jebul
arep golek truwelu. Kanthonge dianggo pasangan di iseni wortel kanggo jontrot
awit iku karemaning truwelu. Cangkemaning kanthong diengakake omba, nanging wis
dikolori kenur dawa, dudutan kanggoning seti, yen ana truwelu mlebu. Mulus
banjur mathengkrus nunggoni saka kadohan karo nyekeli adudutan.
Nyata.
Ora antara suwe kucing kang setiwelan mahu wis oleh truwelu. Apa banjur
dimongsa. Ora. Mung dicekel kahaturake Sang Prabu.
Nalika
samana Sri Prabu lagi lenggah anggedhangkrang ana ing dhampar. Para punggawa
akeh kang padha sowan ananging Mulus ora praduli marang para luhur mahu,
jalaran tekane mung arep sowan Sang Prabu piyambak.
Mulus
bukak tudhung. Satekane ing ngarsa dalem kurmat tumungkul banjur matur: “Suwun
nuwun sewu sewu lepat nyuwun pangapunten dalem, keparenga kawula ngaturaken
pisungsung sapele hawarna truwelu punika”.
“Wah”,
Sang Prabu rena banget panggalihe. Pangandikane: “Dak trima banget kowe,
kucing. Enya dak preseni sadinar”.
Sapira
bungahe si Mulus tompa dhuwit sahukon was wah, hukon ... emas, Mulus matur
bawet ing panuwune, kurmat tumungkul banjur enggal enggali, menehake dinar mahu
marang bandarane. Wuragil wis mesthi bae seneng banget.
Antara
dina si Mulus menyang pasawahan ana ing kono bisa oleh pelung sawatara,
dipasangi nganggo kanthonge. Oleh olehane gagancangan di aturake Sang Prabu
maneh.
Sang
Prabu iya suka banget ora beda karo dhek di aturi truwelu. Saben manuk siji
dibayari sadinar. Oleh olehane dhuwit si Mulus uga banjur dipasrahake marang
Wuragil maneh.
Wuragil
wis mangerti, yen kucinge pancen sugih akal, pamikire: “Sarehne wis duwe kucing
kaya mangkono, wis ora perlu aku sumelang anggonku golek pangan”,
Pamikire
Wuragil iku pancen bener banget, maragatena bae terus saking bakal kelakon iki.
Ing
sawijining dina kucing kang setiwelan mawarta, yen Sang Prabu hukrungu karsa
tindak papara karo putrane putri. Si kucing enggal nemoni bandarane sarta
calutha: “Bandara mongga sami dhateng sagaran kaliyan kula. Mangke manawi Sang
Prabu langkung, enggal ambyura. Manawi panjenengan angge garembag kula, mesthi
dados tiyang sugih singgih”.
Wuragil
ora ngerti sing dadi karepe Mulus ewa dene hiya manut bae. Bareng gajah
titihane Sang Prabu wis katon Wuragil terus cucul sandhangan byur, anjegur ing
sagaran.
Ing
nalika iku huga si Mulus bengok bengok: “Tulung, tulung. Dipati Usman kelelep,
tulung, tulung, bandara kula pejah kelem”,
Para
abdi lan sarati padha krungu pambengoke Mulus ma (tidak terbaca), dalasan Sang
Prabu piyambak lan Sang Putri iya midhanget, Sang Prabu enggal dhawuh ngendheg
titihane gajah, tumenga semu kaget saka ing jempan. Swarane kang anjaluk tulung
wela wela: “Tulung, tulung. Dipati Usman kelelep”,
Pangandikane
Sang Prabu: “Elo, lah teka kucing setiwelan sing ngaturake truwelu lan pelung
kahe”. Ngandi kamangkono iku karo tedhak saka ing gajah.
Dhawuhe
Sang Prabu: “Ayo, enggal Dipati Usman tulungana, mundhak selak kelem”,
Abdi
papat kang andherekake banjur jejer cekel cekelan tangan, Mulus uga milu milu
tulung, anggujengi klambine abdi kang ana ing buri dhewe.
Abdi
kang ana ing ngarep dhewe nyandhak tangane Wuragil nuli ditarik babarengan,
Bareng
Wuragil wis mentas thingak thinguk anggoleki sandhangane ora ana. Batine Wuragil:
“Elo, sandhanganku ana (tidak terbaca) ngendi”.
Si
Mulus uga ethok ethoke ora weruh, mongka sajatine di dhelikake dhewe ana ing
glagahan, sambate: “O, mesakake temen bandaraku, salah pangagemane bae saiki
ilang”.
Sang
Prabu tuwuh panggalihe: “Durung suwe kucing iku bisa gawe renaning panggalihku,
ngaturi truwelu lan pelung. Bok aku dak genti gawe bungah marang dheweke sarta
bandarane”. Ing sanalika sang Prabu utusan abdi menyang kadhaton mundhut
pangageman arep kaparingake marang Wuragil.
Abdi
kang kautus gagancangan lakune, ora antara suwe bali anggawa sandhangan bregas
sapangadeg,
Wuragil
enggal dandan, ing sarampunge banjur sowan nyaket ing ngarsane Sang Prabu lan
Sang Putri, kurmat tumungkul sarta matur nuwun ing paringe pitulungan lan
panganggo.
Pangandikane
Sang Prabu: “Iya dak tarima panuwunmu, Dipati Usman”,
Sang
Putri pirsa marang Wuragil nganggo sandhangan bregas amantesi, nuli nari apa
gelem andhereknake papara.
Kaya
apa bungahe si Wuragil bareng Sang Prabu lan Sang Putri malebet ing je (tidak
terbaca) na, Wuragil iya pa (tidak terbaca) dherekake malebu.
Si
Mulus ngalirik bandarane karo ngejepi aweh sasmita: “Lah, manaten punika sampun
keleresan nanging dereng sampurna”.
Gajah
wiwit lumaku, nanging si Mulus wis andhisiki lumayu sipat kuping, nemoni wong
telu kang lagi anggarap palemahan, calathune kucing: “Mengko Sang Prabu bakal
miyos ing kene. Yen andangu, tanah iki duweke sapa, padha mangsulana, yen
tanahe Dipati Usman”,
Wong
telu padha mangsuli: “Iya, becik”,
Mulus
nerusake lakune, ketemu wong tani telu lan bocah siji lagi bikut ngeneni gandum
ing sawah. Mulus calathu: “Mengko Sang Prabu arep tedhak mra (tidak terbaca)
pan didangu, pasawahan iki duweke sapa, mangsulana yen duweke Dipati Usman”,
wong tani mangsuli prayoga.
Bareng
Sang Prabu rawuh, andangu marang wong telu kang lagi padha nyambut gawe, sapa
kang duwe tanah ing kono. Sarawuhe ing enggone wong kang lagi ngeneni gandum
Sang Prabu uga andangu, sapa kang duwe pasawahan, wong kang padha nyambut gawe
lan ngeneni matur, yen duweke Dipati Usman, panggalihe Sang Prabu: “We, lah,
yen mangkono Adipati Usman iku sugih banget”.
Nalika
iku Mulus wis bablas menyang omah gedhe kaya kadhaton, dene kang manggon ing
kono juru tenung. Gawene anjaili uwong, perlune mung arep anggedhekake wadhuke
dhewe.
Mulus
nabuh lonceng ing sacedhaking regol (tidak terbaca) nuli takon marang batur
kang mengani kori, a (tidak terbaca)
oleh ketemu karo juru tenung.
Kucing
dilebokake. Ing kono juru tenung lagi ambeneri mangan, Mulus kurmat
andhingkluk, juru tenung jebul muring, manthelengi marang si Mulus, upama
kewetuwa calathune: “Teka kowe wani wani ngregoni enggonku mangan”,
Mulus
ethok ethok ora ngerti dinepsoni, calathune ngasih asih: “Dhuh, kyai juru
tenung, sampun dados panggalih, dene kula ngriribedi. Kerep kemawon kula mireng
pawartos bilih panjengengan saget malih sawarnining kewan, sarehne keleresan
kula nglangkungi dalem panjengengan, eman sanget yen ta kula boten mampir
nyatakaken, bok cobi, kula aturi malih singa barong. Kula teka kepengin sanget
badhe sumerep.
Juru
tenung mongkog banget kena pangonggronge si kucing, thukul pikirane arep
mamerake kabisane. Ing sanalika jleg dadi singa..
Mulus
kaget sarta wedi banget jalaran singa barong ngamah amah gero gero anggigilani.
Banjur ngrerepa, supaya juru tenung bali dadi manungsa maneh. Juru tenung
nuruti, pulih dadi uwong.
Wusana
kucing duwe uni: “Punapa kintenipun boten kangelan manawi panjenengan badhe
malih tikus”,
Atine
juru tenung kaya diunggar. Tembunge: “Mungguhing aku ora ana barang kang
kangelan”, ing sanalika juru tenung dadi tikus nanging banjur ditubruk si Mulus
dimongsa bebas.
Graitane
Mulus: “Lah, mangkono. Juru tenung iya wis rampung”.
Let
sedhela gajah titihane Sang Prabu lan Sang Putri wis katon saka kadohan.
Mulus
ngenteni tekaning gajah ing ngarep regol ing gedhong suyasa, banjur matur
marang Sang Prabu: “Gusti, punika dalemipun Adipati Usman, keparenga kawula
gadhah panuwun ing ngarsa dalem wontena karsa dalem lan Sang Putri kereb ing
sawatawis sarta dhahar ing ngriki kaliyan bandara kawula.
Sang
Prabu mangsuli pangandika: “Iya, prayoga”. Banjur tedhak saka ing titihan
kadherekake Sang Putri lan si Wuragil.
Pangunandikane
Sang Prabu mangkono iku pancen bener. Gedhong mahu dhasar bagus temenan,
Sang
Prabu lan Sang Putri tindak malebu kahiringake si Wuragil dene Mulus ing ngarep
dadi pangirid jujuge ing kamar bojana.
Bareng
Sang Prabu pirsa rampadan kang wis cumawis ing meja, kewiyos gumune: “E, dene
teka kabeh sarwa hadi. Dipati Usman mara ayo padha ngombe babarengan amuji
kaslametanmu, awit satemene aku rumasa kepotangan panarima dening
panyunyubamu”.
Wuragil
nyandhak gelas banjur ngadeg nanging wusanane kewuhan, ature marang Sang Prabu:
“Kawuningane, Sang Prabu, menggah sajatosipun kawula punika sanes Adipati, lan
supaya sapunika inggih sanes gadhahan kawula”.
Sang
Prabu kaget pandangune: “Elo, kapriye. Dadi apa kowe niyat ngapusi”.
Mulus
nyela matur: “Kawula nyuwun duka dalem Gusti. Ingkang nandukaken apus punika
sanes bandara kawula, nanging kawula piyambak, namung kemawon boten pusan pusan
kawula anggadhahi sedya awon”,
Sang
Prabu andangu: “Yen mangkono, mungguhing satemene apa kang dadi kaniyataning
atimu”.
Mulus
nuli nyaritakake, yen bandarane iku anak juru giling, ora oleh tinggalan barang
barang kejabane kucing. Beda karo kakangne loro, kang siji tompa warisan
gilingan sijine kuldi. Saka welase kucing marang bandarane, nganti direwangi
ngapusi Sang Prabu lan Sang Putri.
Sang
Prabu tumungkul anjangkerut palarapane, marga ana kang digalih. Ananging ora
suwe andangak lan padhang pasuryane. Sang Putri dicandhak astane, sarta Sang
Prabu nulingan dika marang wuragil: “Wruh anamu, dilati, aku wis sumurup yen
saliramu wong utama, lan aku mangerti, yen anaku tresna marang kang salira.
Kang iku ninipu tridak tarimakake dadi
ya jodhomu”.
Saking
bungahe Usman sahantara suwene nganti ora bisa ngucap mung tumungkul (tidak
terbaca) tandhaning panuwun samono uga si Mulus,
Sawuse
padhang atine, Usman bisa metu tembunge kanggo nglahirake panuwune marang Sang
Prabu bumungguh ing kadarmane.
Ora
antara lawasi Usman sida kadhaupake lan Sang Putri. Ing sabanjure runtut
inggone jojodhowan sempulur tinunggu ing kabegjan ing suyasa kadhaton mahu.
Si
Mulus kucing kang setya, lan tari ngawula ing bandara sakarone.